Sabtu, 22 Oktober 2011

Soal Bahasa Jawa untuk SMA/SMK


DEPARTEMEN PENDIDIKAN NASIONAL
DINAS PENDIDIKAN DAN KEBUDAYAAN PROPINSI DIY
SMA NEGERI 10 YOGYAKARTA
Jl. Godean No. 5 Ngupasan Yogyakarta
 



I. Kapilihana wangsulan ingkang trep a, b, c, utawi d saking pitakenan ing ngandhap punika kanthi paring tandha (X)!

Kawaosana tuladha sesorah ing ngandhap punika kanthi premati!
                        Assalamu’alaikum wr.wb                                                                          ....… (i)                              Nuwun,                                                                      
Bapak Kepala Sekolah SMA N 10 Yogyakarta ingkang satuhu kinurmatan, bapak ibu guru saha karyawan ingkang kula kurmati, sarta para kanca ingkang tansah bagya mulya.                                                                                                                          …....(ii)
Kanthi rahmat saha barokahipun Gusti Ingkang Maha Agung, katilik ing wekdal punika kita sedaya saged manunggal pepanggihan ing papan mriki kanthi rahayu wilujeng nir ing sambikala.                                                                                              …… (iii)
Keparenga kula ingkang piniji minangka wakil saking para siswa, ngaturaken sugeng riyadi, nyuwun pangapunten sedaya kalepatan kula sakanca dhumateng bapak ibu guru. Mugi Gusti nampi pangapunten kula lumantar panjenengan sedaya. Mugi Gusti ugi nampi amal ibadah kita, tansah ngluberaken karahayon, kabagyan, katentreman lan keslametan dhateng kita sedaya. Amin.                                                           .…. (iv)
Mugi-mugi acara menika dados sarana nglebur dosa antawisipun sesami, ingkang rumaos lepat boten kaambali malih ing wekdal candhakipun. Awit kalepatan, dosa, lan khilaf punika sandhanganing tiyang gesang, sumangga kita sedaya tepa salira, amrih gesang kita tansah bagya mulya.                                                                          ….. (v)
Cekap semanten atur kula, menawi wonten kaduking wicara saha solah bawa ingkang mboten ndadosaken rena ing penggalih bapak ibu guru, karyawan sarta para kanca, kula nyuwun agunging pangaksama.                                                             …… (vi)
Nuwun.
Wassalamu’alaikum wr.wb    
1. Sesorah inggih punika medhar gagasan utawi ide sarana…
a.kalisanaken                                       c. karekam ing kaset
b.kaserat ing kertas                             d. kadhapuk ing wujud sekar
2. Perangan pambuka wonten ing tuladha sesorah nginggil punika awujud…
            a. atur syukur                                      c. atur pambagya
b. atur panuwun                                  d. salam
3. Undheraning rembag ingkang kababar ing sesorah dipunsebut minangka…
a. salam                                               c. pambagya kawilujengan
b. wosing gati/ wicara                         d. panuwun
4. Katilik saking tuladha sesorah ing nginggil, perangan menapa ingkang dipunsebut wosing gati utawi wicara?
a. perangan (ii)                                    c. perangan (iv)
b. perangan (ii                                     d. perangan (v)
5. Tuladha sesorah ing nginggil punika ngrembag bab menapa?
a. wigatinipun syiam                           c. wigatinipun halal bihalal
b. wigatinipun dinten riyaya               d. wigatinipun sesrawungan
6. Sinten ingkang maragakaken sesorah ing tuladha sesorah nginggil punika?
a. wakil siswa                                      c. ketua kelas
b. kepala sekolah                                 d. ketua OSIS
7. Perangan ingkang dipunsebut minangka pangarep-arep ing tuladha sesorah nginggil punika kawakili parangan ingkang nomer pinten?
a. perangan (ii) lan (iii)                        c. perangan (iv) lan (v)
b. perangan (iii) lan (iv)                       d. perangan (v) lan (vi)
8. Atur pakurmatan ing tuladha sesorah nginggil punika dipunserat sasampunipun perangan…
a. salam                                               c. atur pandonga
b. atur syukur                                      d. panuwun
9. “Kanthi rahmat saha barokahipun Gusti Ingkang Maha Agung, katilik ing wekdal punika kita sedaya saged manunggal pepanggihan ing papan mriki kanthi rahayu wilujeng nir ing sambikala,” dipunsebut minangka…
a. salam                                               c. atur pambagyaharja
b. atur syukur                                      d. wosing wicara
10. “Cekap semanten atur kula, menawi wonten kaduking wicara saha solah bawa ingkang mboten ndadosaken rena ing penggalih bapak ibu guru, karyawan sarta para kanca, kula nyuwun agunging pangaksama”, dipunsebut minangka…
a. atur pakurmatan                              c. wosing wicara
b. atur syukur                                      d. panutup

Kangge mangsuli pitakenan nomer 11-15, kawaosana teks tembang macapat Pocung ing ngandhap punika kanthi premati!

Pocung Slendro Pathet Manyura
Yen lumaku kudu eling lan mituhu
Dalan sisih kiwa
Waspada lan ngati ati
Temah slamet ora nemu kacilakan

11. Tembang Pocung kalebet minangka tembang…
a. tembang Jawi                                  c. tembang Tengahan
b. tembang Macapat                            d. tembang Gedhe
12. Paugeran ing tembang macapat punika saged awujud…
a. guru sastra                                       c. guru basa
b. guru swara                                       d. guru gatra
13. Dhawahipun swanten wonten ing pungkasaning larik tembang macapat punika    dipunsebut…
a. guru wilangan                                  c. guru gatra
b. guru lagu                                         d. guru swara
14. Tembang Pocung punika kadhapuk saking pinten gatra?
a. sanga           \                                   c. sewelas
b. sedasa                                              d. rolas
15. Guru wilangan sarta guru lagu saking tembang Pocung  inggih punika…
a. 12u, 6a, 8i, 12a                                c. 6a, 8i, 12a, 12u
b. 12a, 8i, 6a, 12u                                      d.  12a, 12u, 6a, 8i
II. Cobi kapasangaken titik-titik ing sisih kiwa kaliyan tetembungan ingkang trep ing sisih tengen!

Perangan Kiwa                                  Perangan Tengen
  1. Sesorah                        (…)      a. basa ingkang kaginakaken ing sesorah
  2. Mantep mrebawani     (…)      b. tuladha paraga ingkang atur sesorah
  3. Basa Jawi karma         (…)      c. medhar gagasan sarana kalisanaken
  4. Atur salam lan yukur   (…)      d. satunggaling perangan salebetipun sesorah
  5. Ketua OSIS,
Kepala Sekolah           (…)      e. sikepipun tiyang sesorah
  1. Tembang macapat       (…)      f. cacahipun wanda saben larik
  2. Guru lagu                    (…)      g. cacahipun larik saben gatra
  3. Guru gatra                   (…)     h. pugeran tartamtu ing salebetipun tembang macapat
  4. Guru wilangan            (…)      i. dhawahing swanten ing pungkasaning larik
  5. Metrum                       (…)      j. Pocung

III. Kapilihana wangsulan leres utawi lepat saking pitakenan ing ngandhap punika kanthi premati!
  1. Sesorah inggih punika andharan ngengingi bab utawi gagasan ingkang kawedhar sarana kalisanaken. (leres/ lepat)
  2. Sesorah kadhapuk saking perangan salam lan perangan inti kemawon. (leres/ lepat)
  3. Sesorah limrahipun ngginakaken basa Jawi krama. (leres/ lepat)
  4. Tiyang ingkang sesorah kedah nggadhahi raos mantep lan mrabawani. (leres/ lepat)
  5. Ing salebetipun sesorah punika boten prelu migatosaken bab unggah-ungguh basa. (leres/ lepat)
  6. Tembang macapat inggih punika satunggaling karya sastra Jawi ingkang kaserat mawi paugeran tartamtu. (leres/ lepat)
  7. Paugeran tartamtu ing salebetipun tembang macapat kasebut purwakanthi. (leres/ lepat)
  8. Tuladhanipun paugeran ing tembang macapat inggih punika guru sawra. (leres/ lepat)
  9. Tembang macapat punika gunggungipun wonten sedasa . (leres/ lepat)
  10. Tembang macapat Pocung kadhapuk saking sekawan gatra. (leres/ lepat)
III. Wangsulana pitakenan ing ngandhap punika kanthi cekak aos!
  1. Sesorah kalawau nggadhahi tema utawi ngrembag bab menapa?
  2. Sinten ingkang sesorah ing tuladha sesorah punika?
  3. Perangan menapa kemawon ingkang limrahipun andhapuk ing sesorah?
  4. Cobi kaserata kanthi jangkep perangan sesorah ingkang kasebut atur syukur saking tuladha sesorah punika!
  5. Cobi kapadosna wosing rembag saking sesorah ingkang sampun kasimak!
  6. Gunggungipun tembang macapat punika wonten pinten?
  7. Cobi kasebutna setunggal mawon tuladha tembang macapat!
  8. Paugeran menapa mawon ingkang ndhapuk ing tembang macapat?
  9. Menapa ingkang kawastanan guru lagu?
  10. Menapa ingkang dipunwastani guru wilangan?

IV. Wangsulana pitakenan ing ngandhap punika kanthi patitis!
  1. Saking asilipun maos tuladha sesorah ing nginggil, cobi kadamela ringkesanipun sesorah sarana ngginakaken basanipun piyambak-piyambak!
  2. Kapadosna ugi nilai-nilai moral budi pekerti ingkang kawrat ing sesorah kalawau!
  3. Menapa ingkang kawastanan tembang macapat? Cobi kaandharaken miturut pamawas piyambak-piyambak!
  4. Kaserata paugeran-paugeran awujud guru wilangan, guru lagu sarta guru gatra saking tembang Pocung ing nginggil!
  5. Kapadosna ugi nilai-nilai moral budi pekerti salebetipun tembang macapat Pocung punika! 

NASKAH SOAL ULANGAN
SEMESTER GENAP TAHUN 2010/2011
            Mata Pelajaran                        : Bahasa, Sastra dan Budaya Jawa
            Nama Sekolah                         : SMA N 1 Bantul
            Kelas/Program                         : XI IPA 4
            Hari/ Tanggal                          : Sabtu, 23 April 2011
            Waktu                                     : 80 menit
 

Pitedah Umum
1.       Saderengipun nggarap soal, kaserata wonten ing lembar jawab: Nama, Nomer lan Kelas wonten ing papan ingkang sampun kasamektakaken.
2.     Kawaosa kanthi permati pitedah kangge nggarap soal.
3.     Kawangsulana pitaken ing ngandhap menika miturut pitedah saben perangan!
4.     Soal menika wonten sekawan (4) perangan inggih menika: perangan setunggal soal pilihan gandha, perangan kalih pranyatan leres menapa klentu, perangan tiga isian singkat, saha perangan sekawan uraian.
5.     Pilih salah setunggal wangsulan ingkang leres lajeng paringana tandha ping (X) wonten ing salah setunggaling aksara A, B, C, utawi D
6.     Menawi lepat anggenipun mangsuli pitakenan pilihan gandha, paringana tandha garis kalih ndhatar (=) wonten ing wangsulan ingkang lepat, lajeng paring tandha ping (X) wonten wangsulan ingkang leres. Tuladha: A   B   C   D   E, dados:  A  B   C   D   E
7.     Kangge soal uraian, wangsulana kanthi cetha.
8.     Kaginaakaken wekdal kanthi efisien kangge mangsuli sedaya pitakenan.

 

I.          Kawangsulana pitakenan ing ngandhap menika kanthi nyukani tandha (X) ing wangsulan ingkang trep!
1.    Menapa ingkang dipun wastani sesorah?
a.    Njlentrehake idhe utawi pokok pikiran kanthi wujud tembung-tembung wonten ing sangajenging tiyang kathah.
b.    Karangan ingkang ngginakaken basa ingkang endah lan boten kaeket dening paugeran tertamtu.
c.    Tiyang ingkang kapiji nderekaken satunggaling acara.
d.    Karya sastra ingkang kaeket dening guru lagu, guru gatra, lan guru wilangan.
2.    Caranipun sesorah menika wonten sekawan, menapa kemawon?
a.    Ngapalaken, spontanitas, njlentrehaken utawa njabaraken kerangka pikir lan tanpa teks
b.    Spontanitas, tanpa teks, ngapalaken lan njlentrehaken utawa njabarake nkerangka pikir.
c.    Maca naskah, ngapalaken, spontanitas, lan njlentrehaken utawa njabaraken kerangka pikiran
d.    Tanpa teks, ngapalaken, maca naskah, spontanitas
3.    Ingkang kalebet peranganing sesorah inggih menika...........
a.       Atur puji syukur
b.       Atur subasita
c.       Adangiyah
d.       Atur pamrayogi
4.       Tema sesorah ing sekolahan ingkang trep sawektu wulan april inggih menika.........
a.    HUT RI
b.    Kartini
c.    Pahlawan
d.    Syawalan
5.    Mangga dipun waos penggalan sesorah ing ngndhap menika!   
                                  Assalamu’alaikum Wr. Wb
Ingkang kinabekten Bapak Kepala sekolah, ingkang ingkang pantes sinudarsana Bapak saha Ibu Guru, ingkang kinurmatan Bapak tuwin Ibu karyawan, para kadang wredha mudha siswa SMA 1 Suralaya ingkang kula tresnani.
Langkung rumiyen sumangga kula Panjenengan ngunjukaken puja-puji pudyastuti dhumateng ngarsanipun Gusthi ingkang Mahawikan inggih awit sih nugraha sarta berkahipun, kula Panjenengan saged pinanggih ing papan punika kanthi bagya mulya, kali sing sambekala.
Salajengipun, kula ingkang minangka sesulihipun panitya, ngaturaken sugeng rawuh. Mugi-mugi rawuh panjenengan, saged adamel regenging swasana. Awit saking punika, kula ngaturaken agenging panuwun. Boten kasupen, kulo ngaturaken gunging panuwun dhumateng Bapak Kepala Sekolah ingkang sampun paring idi palilahmurih kaleksananipun sedya pengetan ambal warsa SMA ingkang kaping-20 ing kalenggahan siyang punika. Ugi kula ngaturaken gunging panuwun ingkang tanpa pepindhan dhumateng Bapak saha Ibu Guru sumrambah para karyawan ingkang kapareng paring eguh pratikel murih pratitising adicara. Atur panuwun ugi kula aturaken dhumateng para kadang wredha mudha siswa SMA, ingkang asung sabiyantu adicara punika saged lumampah.
Menapa tema penggalan sesorah menika?
a.     Pengetan dinten kamardikan RI
b.    Pengetan ambal warsa
c.     Peresmian sekolah enggal
d.    Pedhalangan
6.    Mangga dipun waos uyon-uyon menika!
Gerongan Ketawang Puspogiwang
Laras Pelog Barang









 

.     .     .     .     3     3     3  5     3     .     .     3     3     .  5     5     6  7     6
                       Pa-ra - be  sang                      sma-  ra                ba  -  ngun
.     .     7    2     .   2  3   2  7    6     7   2  3      6  7  5     .     5  6        5  3   2
              Se-pat                dom -     ba                        ka-li                  o    -        ya
.    .       6    7    2  3   3   2  3    2    .     .     6     7       2  3    3     2  3      2
              a  -    ja                  do – lan                      lan       wong              pri   -  ya
.     .     5     6    .  7    5   6  5   3    5    6      2     3      .   2   2  3  2  7     6   
              ge -     ra    -    meh  -      na          ra         pra   -       sa     -   ja 

Menapa tegesipun tembung “parabe” wonten ing uyon-uyon Gerongan Ketawang Puspogiwang ing nginggil?
a.    tapak asma
b.    jeneng
c.    arah
d.    ulam
7.    Mangga dipun waos uyon-uyon menika!
Gerongan Ketawang Puspogiwang
Laras Pelog Barang

.     .     .     .     3     3     3  5     3     .     .     3     3     .  5     5     6  7     6
                       Pa-ra - be  sang                      sma-  ra                ba  -  ngun
.     .     7    2     .   2  3   2  7    6     7   2  3      6  7  5     .     5  6        5  3   2
              Se-pat                dom -     ba                        ka-li                  o    -        ya
.    .       6    7    2  3   3   2  3    2    .     .     6     7       2  3    3     2  3      2
              a  -    ja                  do – lan                      lan       wong              pri   -  ya
.     .     5     6    .  7    5   6  5   3    5    6      2     3      .   2   2  3  2  7     6   
              ge -     ra    -    meh  -      na          ra         pra   -       sa     -   ja 

Menapa tegesipun tembung “prasaja” wonten ing uyon-uyon Gerongan Ketawang Puspogiwang ing nginggil?
a.    eling
b.    sederhana 
c.    becik
d.    seneng 
8.       Perangkat gamelan ingkang ginanipun mangku irama inggih menika…..
a.       Gender
b.       Demung
c.       Peking
d.       Kendhang
9.       Gamelan ingkang asring kagem miwiti gendhing inggih menika……
a. Saron
b. Demung
c. Bonang barung
d. Kendhang
10.   Perangkat gamelan ingkang kadamel saking walulang inggih menika……
a. Gender
b. Demung
c. Kendhang
d. Peking
11.   Bab-bab ingkang kedah dipungatosaken nalika maos pawarta inggih menika…..
a.    Lafal, intonasi, jeda
b.    Volume, ekspresi, jeda
c.    Diksi, volume, ekspresi
d.    Ekspresi, intonasi, mimic
12.   Media ingkang saget nyebaraken pawartos inggih menika..............
a.    Sound syistem
b.    Komputer
c.    Koran
d.    Tape recorder
13.   Mangga dipun waos pawartos menika!
BUNG KARNO IKU NGLUWIHI ARSITEK
Prof Ir Eko Budihardjo ing sarasehan ultah PNI Marhaenis kang kaping 76 ing Semarang dina Jumat (4/7) mretelakake, menawa Bung Karno kang Insinyur Sipil  iku pranyata darbe jiwa arsitek lan seni budaya kang dhuwur. Arang banget ana pemimpin Negara kang ndarbeni kawigaten gedhe marang jagad arsitektur.
Miturut prof Eko, kena-kena wae George Pompidou ing Prancis bombing atine duwe Pompidou Centre ing Paris kang mujudake karya rasitektur jaman modern. Nanging Bung Karno gagasane luwih unggul, ya minangka arsitek lan uga minangka seniman.
Sabanjure Prof Eko mratelakake, menawa ora mung karya-karya arsitektur kang arupa gedhong-gedhong lan monument-monumen wae kang dadi kawigatene tilas Presiden RI kang kapisan iku, nanging uga reca-reca (patung), taman-taman, kawasan, malah skala kutha uga digagas lan direalisasekake. Kaya antarane Patung Pembebasan Irian Jaya, Patung Selamat Datang ing Bunderan HI, Patung Pancoran, lan Patung Pak Tani ing Menteng.
Rector Unidp Semarang kang uga Ketua Kehormatan IAI Jateng iku nyebutake anane karya-karya arsitektur iku nggambarake kaendahane kutha kadidene karya seni arsitektur. Taman Merdeka ing sakitare Monas lan kawasan pusat olahraga Senayan kang jembar bawera, uga mujudake warisane Bung Karno kang pantes kita sukuri.
Asma agunge Bung Karno ora mung kondhang ing njeron Negara, nanging uga ing njaban rangkah. Bangsa Indonesia tansah antuk panggonan mirunggan ing pamawase bangsa liya.
Menapa ingkang dipun cariosaken wonten ing pawartos ing ngajeng?
a.    Asma agunge Bung Karno
b.    Karya-karya Bung Karno
c.    Insyinyur kang kondhang
d.    Bung Karno iku ngluwihi arsitek
14.   Ing ngandhap menika karya sastra Jawi ingkang kalebet puisi….....
a. Cerkak
b. Geguritan
c. Novel
d. Cerbung
15.   Ing ngandhap menika ingkang kasebataken wonten ing cerkak kanthi langsung, kejawi..................
a.       Watak pagarane
b.       Irah-irahan
c.       Biografi panganggit
d.       Paraga antagonis
16.   Pucuking permasalahan wonten ing cerkak dipunwastani..................
a.     Kerangka
b.    Konflik
c.     Klimaks
d.    Antiklimaks
17.   Urut-urutaning carios wiwit lekas ngantos pungkasan kawastanan……
a.       Alur carita
b.       Watek
c.       Paraga
d.       Irah-irahan
18.   Ing ngandhap menika karya sastra Jawa ingkang boten kalebet prosa inggih menika................
a.       Geguritan
b.       Cerkak
c.       Novel
d.       Dongeng
19.   Ing ngandhap menika kalebet unsur intrinsik cerkak, kejawi……….
a.     Alur carita
b.    Amanat
c.     Biodata panganggit
d.    Sudut pandang
20.   Menapa ingkang dipun wastani tembang macapat menika?
a.     Tembang kang anggone maca pedhotane papat-papat.
b.    Karya sastra ingkang kaeket dening guru lagu, guru gatra, lan guru wilangan.
c.     Lelagon utawa tembang kang lumrahe kaiket dening purwakanthi.
d.    Karya ingkang ngginakaken basa ingkang rinengga.
21.   Ing ngandhap menika paugeran utawi metrum tembang macapat inggih menika………
a.       Purwakanthi
b.       Guru gatra
c.       Guru swara
d.       Guru pada
22.   Tembang Macapat menika wonten pinten werni?
a.     10
b.    11
c.     12
d.    13
23.   Menapa sasmitane tembang Dhandhanggula?
a.     Kembang-kembang, kintir, keli
b.    Wijil, metu, miyos.
c.     Kamal, pangrawit, logandhang
d.    Sarkara, langking, manis
24.   Tembang ingkang gadhah watak seneng, tresna, asih, grapyak inggih menika….
a.     Asmarandana
b.    Gambuh
c.     Megatruh
d.    Kinanthi
25.   Cacahing gatra saben sapadha menika dipunwastani...............
a.     Guru gatra
b.    Guru lagu
c.     Guru wilangan
d.    Guru macapat
26.   Dhongdhinging swara saben sagatra menika dipunwastani...........
a.     Guru gatra
b.    Guru lagu
c.     Guru wilangan
d.    Guru macapat
27.   Cacahing wanda saben sagatra menika dipunwastani...........
a.     Guru gatra
b.    Guru lagu
c.     Guru wilangan
d.    Guru macapat
28.   Menapa watakipun tembang macapat Dhandhanggula?
a.     Asih, prihatin, pangajab
b.    Keras, nepsu, semangat
c.     Prihatin, getun, sedhih
d.    Luwes, gembira, endah
29.   Menapa gunanipun tembang macapat Dhandhanggula?
a.     Mulang, nggambarake kelimpatan
b.    Mbuka sekar/serat menapa kemawon cocok
c.     Mituturi, pratelan tresna, gandrung, tresna
d.    Nggambarake  rasa nalangsa utawi sedhih
30.   Menapa guru lagu lan guru wilangan tembang macapat Dhandhanggula?
a.     12u, 6a, 8i, 12a
b.    12i, 6a, 8i, 8a
c.     8a, 8i, 8a, 8i, 7i, 8u, 7a, 8i, 12a
d.    10 i, 10a, 8e, 7u, 9i, 7a, 6u, 8a, 12i, 7a

II.       Kawangsulana pitakenan ing ngandhap menika kanthi nyukani tandha (X) ing wangsulan ingkang trep!
1.         Uyon-uyon menika sami kaliyan tembang macapat!
a.     Leres
b.    Boten leres
2.         Nyerat pawartos menika sami kaliyan nyerat cerkak!
a.     Leres
b.    Boten leres
3.         Tema, setting, latar menika kalebet unsur ekstrinsik wonten ing cerkak!
a.     Leres
b.    Boten leres
4.         Wonten ing cerkak wonten ingkang dipunwastani unsur intrinsik lan unsur ekstrinsik!
a.     Leres
b.    Boten leres
5.         Riwayat penulis klebet unsur intrinsik wonten ing cerkak!
a.     Leres
b.    Boten leres
6.         Tembang macapat menika cacahipun wonten 13!
a.     Leres
b.    Boten leres
7.         Sekar macapat kaiket dene paugeran guru lagu, guru wilangan, guru tembang!
a.     Leres
b.    Boten leres
8.         Laras menika wonten kalih!
a.     Leres
b.    Boten leres
9.         Tembang macapat menika asring kasebat sekar ageng!
a.     Leres
b.    Boten leres
10.     Luwes, gembira, endah menika watekipun tembang Dhandhanggula!
a.     Leres
b.    Boten leres

III.     Kawangsulana pitakenan ing ngandhap menika kanthi jawaban ingkang cekak!
1.         Ingkang kedah dipungatosaken nalika sesorah inggih menika..........
2.         Prayoginipun sesorah menika ngginakaken basa.........
3.         Menawi sesorah menika kedah ngagem perasaan  menika dipun sebat.............
4.         Menawi sesorah menika solah bawanipun kedah sae menika dipun sebat.............
5.         Menawi sesorah menika iramanipun kedah sae menika dipun sebat.............
6.         Menapa kemawon unsur-unsur intrinsik ingkang wonten ing cerkak?
7.         Menapa kemawon unsur-unsur ektrinsik ingkang wonten ing cerkak?
8.         Tema kalebet unsur...................wonten ing carios
9.         Alur/plot menika menapa kemawon?
10.     Watekipun tembang Asmaradana menika menapa?
IV.     Kawangsulana pitakenan ing ngandhap menika kanthi patitis!
1.         Cobi panjenengan ndamel pambukaning sesorah kanthi tema bebas!
2.         Cobi panjenengan ndamel pawartos ingkang cekak kemawon kanthi tema kabudayan!
3.         Cobi panjengan nyebataken menapa kemawon unsur intrinsik lan unsur ekstrinsik wonten ing cerkak?
4.         Cobi panjengan ndamel cerkak ingkang temanipun pengalaman pribadi! Kalih paragraf kemawon!
5.         Cobi panjenengan nyebutaken werni-werni tembang macapat?